Type something and hit enter

author photo
Oleh On
Ingsun Punika Nara
(Khaolil Mudlaafar)

Geguritan - Kholil Media
Geguritan - Kholil Media
Menawi sira sami nyuwun pirsa
Nyuwun Pirsa sinten satuhune kawula
Bakal dakjawab "ingsun punika nara"
Ingsun datan bisa mabur lir dara
Ingsun datan urip mrambat lir kara
Ananging ingsun punika nara, kang ugi lair saka nara
       Aywa kokpadhakake ingsun karo siti, kang bisa kokpidakki
       Aywa kokpadhakake ingsun karo agni, kang padha kokwedeni
       Aywa kokpadhakake ingsun karo ri, kang bisa nyilakani
       Ananging ugi aywa kokpadhakake ingsun karo asthi
       Asthi kang gedhene wus akeh sing ngerti
Punapa ingkang damel sira sengit?
Sengit sengit dadi sangit
Ingsun datan manggen ing dhuwur lir langit
Punapa ingkang damel sira gela?
Ingsun datan agung lir ancala
       Ingsun saged guyu, punika sasmitaning ingsun boten watu
       Raga ingsun saged roga, punika sasmitaning ingsun boten mega
       Ingsun dudu raja kaya, amarga ingsun isih duwe driya
       Ingsun dudu Bathara, ingsun punika nara
       Mula yen ana salah, ingsun nyuwun pangapura
       Mugi anggen ingsun nyuwun pangapura boten dados muspra

0 komentar

Terima kasih telah berkomentar dengan bahasa yang sopan, positif, serta membangun